MATERI BAHASA JAWA KELAS VI SEMESTER 1 "CERITA WAYANG GATHOTKACA GUGUR"

 


GATHOTKACA GUGUR

Gathotkaca iku putra saka Raden Werkudara lan Dewi Arimbi. Gathotkaca iku ksatriya ing Pringgondani. Gathotkaca ndue garwa asmane Dewi Pergiwa lan duwe putra kanthi asma RADEN Sasikirana. Ing pewayangan, Gathotkaca iku kondhang satriya otot kawat balung wesi lan bisa mabur dhuwur tanpa elar. Aji-ajine yaiuku aji-aji marantala kang dayane nduweni kasekten mandraguna, kotang antakusuma kang dayane bisa gawre mabur dhuwur tanpa elar (swiwi), lan caping basunanda kang nduweni daya yen panas ora kpanasen, yen udan ora kudanan.

Nalika Gathotkaca lair, pusere ora bisa dikethok nganggo gaman opo wae. Nalika kuwi, Bathara Narada menehi pitulungan gawekke gaman kang arane pusaka kunta wijayandanu. Bathara Narada saguh ngethok pusere Gathotkaca, nangisng ana syratae. Gathotkaca bakal didadekke jagone para dewa sing lagi diserang dening pasukane Prabu Kalapracona lan Patih Sekipu. Batara Naradha arep menehake pusaka kunta mau marang Arjuna. Nanging, bareng diwenehke jebul kwliru. Pusaka kunta diparingke menyang Adipati Karna, sedulur tuwane pandhawa kang Praupane padha sakabehane karo Arjuna. Mula kuwi, Bathara Narada nganti kleru anggone maringke pusaka kunta.

Bubar kuwi, Arjuna ngrebut pusakan mau saka Adipati Karna. Nanging, sing bisa direbut amung warangkane. Curiga (keris) digawa Adipati Karna. Arjuna banjur ngethok pusere Gathotkaca nganggo warangka kae mau. Nanging, warangka mau malah katut mlebu neng njero pusere Gathohtkaca. Bathara Narada meling supaya Gathotkaca ngati-ati ngadhepi Adpati Karna. Amaraga keris sing digawa Adipati Karna, mbesuk bakal goleki warangka sing ana ing njero pusere Gathotkaca.

Sawise pusere dikethok, Gathotkaca digawa menyang kayangan marang Bathara Narada. Gathotkaca dijeburake ing Kawah Candradimuka. Kawah Candradimuka iku papan singb kebak geni mengalat-alat. Saka kuwi, malah Gathotkaca ditamani Gegaman kadewatan. Gathotkaca ora mati, nanging malah saya gedhe lan samsaya sekti. Metu saka Kawah Candradimuka, Gathotkaca wis nganggo wusana wesi. Sentosa awake atot kawat balung wesi.

Seje crita, saking rosane tangan Gathotkaca, dhewekke gawe pamane, Kala Bendana, mati amarga kesampluk tangane. Wektu iku, ora sengaja Gathotkaca kaget amarga kaprungu kabar kang ora apik, dhewekke nyampluk pamanae nganti mati. Kala Bendana banjur ngenteni Gathotkaca ing alam pengrantunan, yaiku alam ing tengah-tengah wong urip lan wong mati.

Ing crita Baratayudha, Gathotkaca maju perang lan dadi senopatine Pandhawa sawise Abimanyu sing mati diranjap prajurit Pandhawa. Nalika Gathotkaca maju perang, ora ana prajurit Kurawa sing nandingi trajangeRaden Gathotkaca. Akeh prajurit sing mati amarga kena aji narantaka lan brajamusti.

Nalika perang Baratayudha kuwi, Adipati karna dadi senopati perang mbelani Kurawa. Gathotkaca kelingan welinge Bathara Narada menawa kudu ngati-ati ngadhepi Adipati Karna. Gathotkaca banjur mabur dhuwur ing angkasa. Pusaka Kunta Wijayandu kang goleki warangkane sing manjing ana ing njero pusere Gathotkaca bingung amarga Gathotkaca ndhelik ana ing suwaliking mega mendhung.

Nalika pusa kunta wijayandu bingung goleki Gathotkaca, pusaka mau banjur disaut karo Kala Bendana lan digawa ana papane Gathotkaca.nalika Gathotkaca ngerti lan bisa ketemu pamane, dhewekke seneng banget. Nnging, ketemune karo pamane jebul dadi dalan patine Gathotkaca. Gathotkaca kang mati ing angkasa banjur nibani kretane Adipati Karna lan ndadekake Adipati Karna tiba menyang lemahj. Kahanan kui mau banjur digunakake dening Arjuna kanggo nguntabake panah marang Adipati Karna. Adipati Karna banjur gugur bareng karo Gathotkaca. Gathotkaca gugur dadi satriya kusumaning bangsa.

 

Komentar